Saturday, November 9, 2013

CAKRIK TEMANTEN ING NGAYOGYAKARTA


CAKRIK TEMANTEN ING NGAYOGYAKARTA



Paès Kasatriyan
Paès Kasatriyan minangka salah satunggaling busana pinangantèn ingkang prasaja. Wonten ing padusunan, busana punika asring dipunagem déning pinangantèn amargi mirah saha katingal luwes, éndah, sarta wibawa. Kajawi punika, paès kasatriyan ugi asipat santai non formal. Padatanipun paès kasatriyan punika dipun-agem wonten ing adicara pahargyan utawi resèpsi.
Paès kasatriyan wonten kalih werni, inggih punika kasatriyan kaliyan kasatriyan ageng. Wondéné busana kaliyan sedaya tata riasipun kaandhar ing ngandhap punika.

Tata Rias Pinangantèn Kakung
Tatanan rikma pinangantèn kakung namung prasaja. Rikma dipunjamas, dipungaringaken, lajeng dipuntata supados rapi. Ing paès kasatriyan ageng pinangantèn ngagem kulukkanigaran ingkang dipunjangkepi kaliyan mundri/nyamat awujud candèn. Paès kasatriyan ageng ngginakaken ukel tekuk alit, pethat alit, sarta satunggal mentul alit ingkang dipunpasang ing wingking. Wondéné ing paès kasatriyan, pinangantèn ngagem déstar motif jumputan/tritik ingkang dipunjangkepi bros, saèngga tatanan rikmanipun prasaja sanget namung dipunpethati kanthi rapi. Kekalihipun punika ngagem sumping melathi ing sasalénipun talingan kaliyan kuluk utawi déstar.
Rasukanipun paès kasatriyan punika arupi surjan motif sekar utawi polos ingkang wonten rènda/payét ipun. Kain ingkang dipun-agem inggih punika kain prahosan tipis utawi kain tanpa phaos/payét. Kajawi saking punika, pinangantèn kakung ugi ngagem lonthong cindhé, kamus bludiran werninipun cemeng. Cénélo utawi selop ingkang werninipun cemeng ugi njangkepi busananipun pinangantèn kakung kasatriyan ageng, ananging ing paès kastriyan ngagem selop ingkang wonten rerengganipun.
Aksesoris ingkang dipunagem déning pinangantèn kakung boten kathah, namung bros ingkang dipunpasang ing surjan sisih tengen radi nginggil, karsét utawi kalung warninipun emas, kaliyan dhuwung branggah ingkang kajangkepi roncen usus-usus cacahipun pitu.
Tata Rias Pinangantèn Putri
Tata rias rikmanipun pinangantèn putri paès kasatriyan punapa déné kasatriyan ageng sami kaliyan paès jogja putri, kados ta : sanggul ukel tekuk, mentul ageng, ceplok, pelik, ceplik, jébéhan, usus-usus melathi, kalihan pethat gunungan. Makaten ugi paèsan pasuryanipun ugi sami, kados ta: panunggul, pangapit, panitis, sarta godhèg.
Busana ingkang dipun-agem déning pinangantèn putri paès kasatriyan ageng ing antawisipun : kain pradan ingkang ngagem paèsan payét, kebaya panjang ingkang bahanipun beludru kados déné pinangantèn kakung. Selopipun ugi sami werninipun kalihan pinangantèn kakung, ugi wonten hiasanipun. Wondéné ing paès kasatriyan ngagem kebaya motif kembang utawi polos sarta kainipun kain prahosan sami kaliyan pinangantèn kakungipun.

Paès Yogya Putri

Paès Jogja Putri inggih punika salah satunggaling busana pinangantèn ingkang dipunagem déning masarakat wiyar (mliginipun Ngayogyakarta) nalika upacara panggih dumugi pahargyan resèpsi. Wondènè busana kalihan sadaya tata rias-ipun kaandhar ing ngandhap punika.

Tata Rias Pengantèn Kakung

Tatanan rikma pinangantèn kakung namung prasaja. Rikma dipunjamas, dipungaringaken, lajeng dipunrapikaken. Pinangantèn kakung ngagem kuluk kanigaran. Sadèrengipun dipun-agem, kuluk kanigaran menika sampun dipunjangkepi kalihan ukel tekuk alit, pethat alit, sarta satunggal mentul alit ingkang dipunpasang ing wingking.
Kajawi punika, pinangantèn kakung ugi ngagem aksesoris ingkang kawastanan sumping ing sanginggiling talingan. Pinangantèn kakung ngagem kain pradan, wondènè motifipun saged : sida mukti, sida luhur, nitik simbar lintang, parang kusuma, semèn rama, ganda suli utawi semèn raja. Wiyaring wiru antawis 3-4 cm. Rasukanipun ngagem rasukan sikepan bordiran, warninipun saged : abrit, ijem utawi biru. Lonthong, kamus, lerep, kalihan selop ugi njangkepi busananing pinangantèn kakung. Aksesorising busana ingkang dipun-agem déning pinangantèn kakung inggih menika : karsèt (wujudipun kados kalung warninipun emas), bros, ali-ali saha dhuwung branggah ingkang sampun dipunjangkepi reroncéning sekar sritaman.

Tata Rias Pengantèn Putri

Rikmanipun pinanganten putri ingkang sapisan dipunpethati tumuju wingking saéngga katingal rapi, lajeng ndamel sunggar. Sunggar inggih menika wujuding rikma ing sanginggiling talingan kiwa kalihan tengen. Salajengipun mendhet lungsèn ingkang awujud rikma, wiyaripun sajempol ingkang dipunpendhet saking uyeng-uyeng sawingkinging panunggul.

Lajeng masang cemara utawi rikma palsu. Sasampunipun cemara kapasang, lajeng damel ukel tekuk. Ing sisih kiwa kalihan tengenipun sanggul dipunpasangi roncèn usus-usus (usus-usus duk), salajengipun dipunpasang harnal supados kiyat. Wondènè ing sisih sanginggiling sanggul dipunpasangi pethat gunungan ingkang kapasang majeng wingking saha jejeg kalihan sanggulipun. Ing sangandhaping lungsèn satengahing sanggul dipunpasang ceplok ingkang arupi sekar mawar abrit. Ing sakiwa-tengening sanggul dipunpasangjébéhan ingkang dipunpasang selaras kalihan wujuding sanggul. Warnaning jébéhan dipunjumbuhaken kalihan busananipun pinangantèn, boten kedah sami kalihan warnanipun busana, saged mawi warna menapa kemawon kejawi warna ijem kalihan pethak. Sasanesipun punika, sanggul ugi dipunrengga ngginakaken pelik. Pelik inggih punika hiasan kertas ingkang wujudipun lintang sekawan kelopak, cacahipun pelik antawisipun 9 dumugi 11 iji. Ing pungkasan, sanggul dipunpasangi menthul ageng cacahipun namung setunggal, dipunpasang majeng wingking jejeg ing antawisipun pethat gunungan kalihan mustaka.
Boten kados pinangantèn kakung, tata rias pasuryan pinangantèn putri langkung njlimet, langkung awrat malih. Caranipun ingkang sepisan, pasuryanipun pinangantèn putri dipunresiki ngginakaken pembersih, lajeng dipunwedhaki. Alisipun dipundamel selaras kalihan wujuding pasuryan. Lajeng pipinipun dipunsukani warna abrit sekedhik, makaten ugi lathinipun. Sasampunipun punika, ndamel cengkoronganing paès kados gambar menika. Cengkorongan paès wonten panunggul, panitis, pangapit, saha godhég. Sedaya punika dipunpolés ngginakaken pidhih kanthi rata, inggih menika ngginakaken welat saking ngandhap pinuju nginggil.
Pinangantèn putri ngagem kain prada kados dènè pinangantèn kakung, wondènè motifipun saged : sida mukti, sida luhur, nitik simbar lintang, parang kusuma, semèn rama, ganda suli utawi semèn raja. Wiyaring wiru antawisipun 2-2,5 cm. Rasukanipun ngagem kebaya beludru ingkang warninipun sami kalihan rasukanipun pinangantèn kakung. Pinangantèn putri ugi ngagem selop bordiran. Wondènè aksesoris ingkang dipun-agem déning pinangantèn putri inggih punika : kalung, bros, subang, gelang saha ali-ali.

Paes Ageng
 Busana Penganten Paes Ageng
Busana Paes Ageng uga kasebut  busana Telesan. Busana penganten Paes Ageng diagem kaliyan putra-putri Sri Sultan Hamengku Buwana ing Temanten agung ing  Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat). Kasebut Paes Ageng karana busana kasebut diagem ing mantenan agung. Busana paes Ageng diagem kangge resepsi ing upacara Panggih, yaiku upacara temu temanten. Ananging, Ing jaman sakniki  busana kasebut biasa diagem kangge  upacara Panggih dugi  upacara Pahargyan (resepsi penganten).
Busana penganten Paes Ageng, pengantin pria ngagem kuluk utawi  tutup sirah, boten ngaggem klambi duwuran. Ngagem celana cinde, lan  selop bludiran, lan  dodot kaleh lapis. Ana ing pending utawi kelat pinggang diselipaken keris, templekan dada bentuk bulan sabit tingkat, kalung rantai dowo lan kelat bahu.
 Busana penganten wadon, ngagem sanggul bokor mengkureb gajah ngolig, di hiasi gangsal cunduk mentul, rajut melati, Pingget Kana, lan ngagem kelat bahu. Busanane busan lukar dilengkapi ngangge kain kampuh lan kain cindhe.

Paes  Kasatriyan Ageng
Busana pengantin Kesatrian Ageng iki biasa di enggo  ing upacara pahargyan utawi resepsi Mantenan. Busana pengentin Kesatrian ageng sifatipun semi-formal. Saengga, busana iki ora biasa dienggo ing upacara panggih . Busana pengantin Kesatrian Ageng juga diengge kaliyan Ngarsadalem lan putra-putri pangeran ing tanggal 20 malam sasi  maulud.
Putri: Ngagem Busana Kebaya, Sanggul tekuk, jarik padan, mentul 5 lan selop polos
Putra: Ngage Blangkon, Busana Surjan, Jarik Pradan lan Selop Polos.
Paes Ageng Jangan Menir
Busana pengantin, Busana Paes Ageng Jangan Menir inggih diagem kaliyan  oleh putra-putri Sri Sultan Hamengku Buwana ing Manten agung ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat . Busana Paes Ageng Jangan Menir diagem kangge upacara boyongan penganten wadon ten kediaman penganten  kakung, sauwise peresmian.
Putri: Sanggol Bokor, Mentul 5, Busana Keprabon, Kain Cinde, Kelat bahu, binggel Kana, sanggul bokor gajah nguling.
Kakung: Kuluk Kanigara, Busana kepabron, selop bludiran, sekar sintaman, kelat bahu, binggel kana lan kain cindhe.


No comments:

Post a Comment