CAKRIK TEMANTEN ING NGAYOGYAKARTA
Paès Kasatriyan
Paès Kasatriyan minangka
salah satunggaling busana pinangantèn ingkang prasaja. Wonten ing padusunan,
busana punika asring dipunagem déning pinangantèn amargi mirah saha katingal
luwes, éndah, sarta wibawa. Kajawi punika, paès kasatriyan ugi asipat santai
non formal. Padatanipun paès kasatriyan punika dipun-agem wonten ing adicara
pahargyan utawi resèpsi.
Paès
kasatriyan wonten kalih werni, inggih punika kasatriyan kaliyan kasatriyan
ageng. Wondéné busana kaliyan sedaya tata riasipun kaandhar ing ngandhap
punika.
Tata Rias Pinangantèn Kakung
Tatanan
rikma pinangantèn kakung namung prasaja. Rikma dipunjamas, dipungaringaken,
lajeng dipuntata supados rapi. Ing paès kasatriyan ageng pinangantèn ngagem kulukkanigaran
ingkang dipunjangkepi kaliyan mundri/nyamat awujud
candèn. Paès kasatriyan ageng ngginakaken ukel tekuk alit, pethat alit, sarta
satunggal mentul alit ingkang dipunpasang ing wingking. Wondéné ing paès
kasatriyan, pinangantèn ngagem déstar motif jumputan/tritik ingkang
dipunjangkepi bros, saèngga tatanan rikmanipun prasaja sanget namung
dipunpethati kanthi rapi. Kekalihipun punika ngagem sumping melathi ing
sasalénipun talingan kaliyan kuluk utawi déstar.
Rasukanipun
paès kasatriyan punika arupi surjan motif sekar utawi polos ingkang wonten
rènda/payét ipun. Kain ingkang dipun-agem inggih punika kain prahosan tipis
utawi kain tanpa phaos/payét. Kajawi saking punika, pinangantèn kakung ugi
ngagem lonthong cindhé, kamus bludiran werninipun cemeng. Cénélo utawi selop ingkang
werninipun cemeng ugi njangkepi busananipun pinangantèn kakung kasatriyan
ageng, ananging ing paès kastriyan ngagem selop ingkang wonten rerengganipun.
Aksesoris
ingkang dipunagem déning pinangantèn kakung boten kathah, namung bros ingkang
dipunpasang ing surjan sisih tengen radi nginggil,
karsét utawi kalung warninipun emas, kaliyan dhuwung branggah ingkang
kajangkepi roncen usus-usus cacahipun pitu.
Tata Rias Pinangantèn Putri
Tata
rias rikmanipun pinangantèn putri paès kasatriyan punapa déné kasatriyan ageng
sami kaliyan paès jogja putri, kados ta : sanggul ukel tekuk, mentul
ageng, ceplok, pelik, ceplik, jébéhan, usus-usus melathi, kalihan pethat
gunungan. Makaten ugi paèsan pasuryanipun ugi sami, kados ta: panunggul,
pangapit, panitis, sarta godhèg.
Busana
ingkang dipun-agem déning pinangantèn putri paès kasatriyan ageng ing
antawisipun : kain pradan ingkang ngagem paèsan payét, kebaya panjang
ingkang bahanipun beludru kados déné pinangantèn kakung. Selopipun ugi sami
werninipun kalihan pinangantèn kakung, ugi wonten hiasanipun. Wondéné ing paès
kasatriyan ngagem kebaya motif kembang utawi polos
sarta kainipun kain prahosan sami kaliyan
pinangantèn kakungipun.
Paès Yogya
Putri
Paès Jogja Putri inggih punika salah satunggaling busana
pinangantèn ingkang dipunagem
déning masarakat wiyar (mliginipun Ngayogyakarta) nalika upacara
panggih dumugi pahargyan resèpsi. Wondènè busana
kalihan sadaya tata rias-ipun kaandhar ing ngandhap punika.
Tata Rias Pengantèn Kakung
Tatanan rikma pinangantèn kakung namung prasaja. Rikma dipunjamas,
dipungaringaken, lajeng dipunrapikaken. Pinangantèn kakung ngagem kuluk
kanigaran.
Sadèrengipun dipun-agem, kuluk kanigaran menika sampun dipunjangkepi kalihan ukel tekuk alit, pethat alit, sarta satunggal mentul alit ingkang dipunpasang ing wingking.
Kajawi punika, pinangantèn kakung ugi ngagem aksesoris ingkang
kawastanan sumping ing sanginggiling talingan. Pinangantèn kakung ngagem kain pradan,
wondènè motifipun saged : sida mukti, sida luhur, nitik simbar lintang,
parang kusuma, semèn rama, ganda suli utawi semèn raja. Wiyaring wiru antawis
3-4 cm. Rasukanipun ngagem rasukan sikepan bordiran, warninipun saged :
abrit, ijem utawi biru. Lonthong, kamus, lerep, kalihan selop ugi njangkepi busananing pinangantèn kakung. Aksesorising busana ingkang
dipun-agem déning pinangantèn kakung inggih menika : karsèt (wujudipun kados kalung warninipun emas), bros, ali-ali saha dhuwung
branggah ingkang sampun
dipunjangkepi reroncéning sekar sritaman.
Tata Rias Pengantèn Putri
Rikmanipun pinanganten putri ingkang sapisan dipunpethati tumuju wingking
saéngga katingal rapi, lajeng ndamel sunggar. Sunggar inggih menika wujuding
rikma ing sanginggiling talingan kiwa kalihan tengen. Salajengipun mendhet
lungsèn ingkang awujud rikma, wiyaripun sajempol ingkang dipunpendhet saking
uyeng-uyeng sawingkinging panunggul.
Lajeng masang cemara utawi rikma palsu. Sasampunipun cemara kapasang,
lajeng damel ukel tekuk. Ing sisih kiwa kalihan tengenipun sanggul dipunpasangi roncèn usus-usus (usus-usus duk), salajengipun dipunpasang
harnal supados kiyat. Wondènè ing sisih sanginggiling sanggul dipunpasangi pethat
gunungan ingkang kapasang
majeng wingking saha jejeg kalihan sanggulipun. Ing sangandhaping lungsèn
satengahing sanggul dipunpasang ceplok ingkang arupi sekar mawar abrit. Ing sakiwa-tengening sanggul
dipunpasangjébéhan ingkang dipunpasang selaras kalihan wujuding sanggul. Warnaning jébéhan
dipunjumbuhaken kalihan busananipun pinangantèn, boten kedah sami kalihan
warnanipun busana, saged mawi warna menapa kemawon kejawi warna ijem kalihan
pethak. Sasanesipun punika, sanggul ugi dipunrengga ngginakaken pelik. Pelik inggih
punika hiasan kertas ingkang wujudipun lintang sekawan kelopak, cacahipun pelik
antawisipun 9 dumugi 11 iji. Ing pungkasan, sanggul dipunpasangi menthul ageng
cacahipun namung setunggal, dipunpasang majeng wingking jejeg ing antawisipun
pethat gunungan kalihan mustaka.
Boten kados pinangantèn kakung, tata rias pasuryan pinangantèn putri
langkung njlimet, langkung awrat malih. Caranipun ingkang sepisan, pasuryanipun
pinangantèn putri dipunresiki ngginakaken pembersih, lajeng dipunwedhaki.
Alisipun dipundamel selaras kalihan wujuding pasuryan. Lajeng pipinipun
dipunsukani warna abrit sekedhik, makaten ugi lathinipun. Sasampunipun punika,
ndamel cengkoronganing paès kados gambar menika. Cengkorongan paès wonten
panunggul, panitis, pangapit, saha godhég. Sedaya punika dipunpolés ngginakaken
pidhih kanthi rata, inggih menika ngginakaken welat saking ngandhap pinuju
nginggil.
Pinangantèn putri ngagem kain prada kados dènè
pinangantèn kakung, wondènè motifipun saged : sida mukti, sida luhur,
nitik simbar lintang, parang kusuma, semèn rama, ganda suli utawi semèn raja.
Wiyaring wiru antawisipun 2-2,5 cm. Rasukanipun ngagem kebaya beludru ingkang
warninipun sami kalihan rasukanipun pinangantèn kakung. Pinangantèn putri ugi
ngagem selop bordiran. Wondènè aksesoris ingkang dipun-agem déning pinangantèn
putri inggih punika : kalung, bros, subang, gelang saha ali-ali.
Paes
Ageng
Busana Penganten Paes Ageng
Busana Paes
Ageng uga kasebut busana Telesan. Busana
penganten Paes Ageng diagem kaliyan putra-putri Sri Sultan Hamengku Buwana ing
Temanten agung ing Keraton Ngayogyakarta
Hadiningrat). Kasebut Paes Ageng karana busana kasebut diagem ing mantenan
agung. Busana paes Ageng diagem kangge resepsi ing upacara Panggih, yaiku
upacara temu temanten. Ananging, Ing jaman sakniki busana kasebut biasa diagem kangge upacara Panggih dugi upacara Pahargyan (resepsi penganten).
Busana
penganten Paes Ageng, pengantin pria ngagem kuluk utawi tutup sirah, boten ngaggem klambi duwuran.
Ngagem celana cinde, lan selop bludiran,
lan dodot kaleh lapis. Ana ing pending
utawi kelat pinggang diselipaken keris, templekan dada bentuk bulan sabit
tingkat, kalung rantai dowo lan kelat bahu.
Busana penganten wadon, ngagem sanggul bokor
mengkureb gajah ngolig, di hiasi gangsal cunduk mentul, rajut melati, Pingget
Kana, lan ngagem kelat bahu. Busanane busan lukar dilengkapi ngangge kain
kampuh lan kain cindhe.
Paes
Kasatriyan Ageng
Busana pengantin
Kesatrian Ageng iki biasa di enggo ing
upacara pahargyan utawi resepsi Mantenan. Busana pengentin Kesatrian ageng
sifatipun semi-formal. Saengga, busana iki ora biasa dienggo ing upacara
panggih . Busana pengantin Kesatrian Ageng juga diengge kaliyan Ngarsadalem lan
putra-putri pangeran ing tanggal 20 malam sasi maulud.
Putri:
Ngagem Busana Kebaya, Sanggul tekuk, jarik padan, mentul 5 lan selop polos
Putra: Ngage
Blangkon, Busana Surjan, Jarik Pradan lan Selop Polos.
Paes Ageng Jangan Menir
Busana
pengantin, Busana Paes Ageng Jangan Menir inggih diagem kaliyan oleh putra-putri Sri Sultan Hamengku Buwana
ing Manten agung ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat . Busana Paes Ageng
Jangan Menir diagem kangge upacara boyongan penganten wadon ten kediaman
penganten kakung, sauwise peresmian.
Putri:
Sanggol Bokor, Mentul 5, Busana Keprabon, Kain Cinde, Kelat bahu, binggel Kana,
sanggul bokor gajah nguling.
Kakung:
Kuluk Kanigara, Busana kepabron, selop bludiran, sekar sintaman, kelat bahu, binggel
kana lan kain cindhe.